Yang Canggih Belum Tentu Bagus

Posted by Unknown On Sabtu, 14 April 2012 0 komentar

Sakwijining restoran international neng jepang nyediakno macem-macem menu saka negara ngendi-ngendi. Pokoke komplit-plit. Restoran kuwi restoran sing nganggo konsep masa depan.

Awan kuwi, PakDhe Den Bagusing Ngarso lan BuDhe lagek mlaku-mlaku. Weruh ono restoran sing canggih, kepengen nyoba mampir. PakDhe lan Budhe terus mlebu lan dimanggake karo waiter robot.

"Good afternoon, sir!" jare si robot waiter. "What is your nationality?"

"Indonesia" jawab PakDhe

"Apa bahasa suku Anda?" takone robot maneh

"Jawa" jawab PakDhe

"Sugeng siang, monggo pinarak!" jare si robot ambek ngeterno neng meja sing isih kosong.

"Wah, canggih yo Bu. Robote iso ngomong jawa " jare PakDhe

"Iyo Pak, canggih banget" BuDhe njawab.

Bareng lungguh Bu Dhe takon : "Ono masakan jawa?"

"Wonten, badhe pesen menopo?" jawabe si robot

"Ana lotek?" sajake BuDhe kangen karo masakan lotek.

"Wonten"

"Yo wis aku pesen loro!" PakDhe yo gelem tibakno.

"Ngagem kol menopo mboten?"

"Yo nganggo lah" jare PakDhe.

"Kol Indonesia menopo kol lokal jepang?"

"Sakkarepmu!!!" PakDhe wis mulai ra sabar

"Dirajang cilik menopo radi ageng?"

"Sakkarepmu, cuk!!!" jare PakDhe rada banter mergo wis mulai nesu

"Ngagem lombok?"

"Nganggo lombok.....A*u!!!" jawab PakDhe karo misuh mergo wis jengkel banget

"Lombokipun pinten?"

"Sing siji telu sing siji sepuluh" BuDhe nengahi

"Ngagem kacang Indonesia menopo kacang lokal jepang?"

"Kacang Indonesia wae....warek!!! PakDhe misuh maneh mergo tambah jengkel

"Diblender nopo diulek?"

"Wis...sakkarepmu. Pokoke cepet, j****k!!! PakDhe misuh maneh

"Ngunjuk menopo? si robot takon maneh

"Es teh loro. Wis ga usah takon macem-macem maneh. Gek cepet disiapke wae" PakDhe disabar-sabarke

"Nggih sampun, pesenan panjenengan kulo tampi. Monggo dipun tenggo sekedap"

Lampu neng ndase si robot terus mati murup byar pet karo ketap-ketip matane, lagi mikir sajake. Soyo suwi soyo cepet byar pet lan ketap-ketipe. Kiro-kiro limang menitan, si robot njuk ngomong :

"Nyuwun ngapunten, pesenan panjenengan kulo tampi namun mboten saged kulo sediaken!" jare si robot akhire

"Lah ngopo? AKu wis tok takoni macem-macem, wis ngenteni suwi koq ora iso?" PakDhe takon karo kaget

"Amargi A*u kalihan 'warek'ipun dereng wonten" jare si robot

"Gandrik....!!! Wis Bu, ayo lungo wae. Iso edian aku nanggapi robot ra waras iki"
Semoga artikel Yang Canggih Belum Tentu Bagus bermanfaat bagi Anda.

Jika artikel ini bermanfaat,bagikan kepada rekan melalui:

Posting Komentar

Ip Address Location

Powered by IP Address Locator